Lirik Lagu Angge Angge Orong Orong - Jhoni Sayekti/Ragil Suro Bangkit

Judul Lagu     : Angge Angge Orong Orong
Penyanyi        : Didi Kempot & Dewi Angin angin
Ciptaan           : Jhoni Sayekti/Ragil Suro Bangkit

Berikut Jhoni Sayekti/Ragil Suro Bangkit :

Pa:
Netes banyune moto
Aku nangis ketiban ondho
Rondo tak kiro perawan
Baraeng wis kawin anake sak kandang

Pi:
Pancen aku wis rondo
Aku rondo anakku limo
Nanging aku sih biso
Diwolak walik koyo nggoreng telo
Sapi manak larang regane
Anak limo bedo bapak e

Pa:
Angge-angge orong-orong
Ora melok nggawe melok momong
Rondo randane ompong
Nduwe anak sak gede kingkong
Angge-angge orong-orong
Ora melok nggawe melok momong

Pi:
Anak limo akeh mangane
Penting mbok’e enak rasane

reff :
Pa:
Eling jaman semono
Wayah kawin nanggap bal-balan
Tamune rame tenan
Nganti sing ndelok akeh sing pingsan

Pi:
Amplop e akeh tenan
Oleh duit karung-karungan
Wong sing podo kondangan
nganti akeh sing podo kelangan
Perawan rondo podo wae
Nadyan ompong enak rasane

Pa:
Angge-angge orong-orong
Ora melok nggawe melok momong
Rondo randane ompong
Nduwe anak segede kingkong
Angge-angge orong-orong
Ora melok nggawe melok momong

Pi:
Pitik karo anak e
Kabeh mau dadi resikone

(kembali ke reff )

Post a Comment for "Lirik Lagu Angge Angge Orong Orong - Jhoni Sayekti/Ragil Suro Bangkit"